bahasa jawa kelas X, analisis tembang sinom pada 16
ANALISISE
TEMBANG SINOM PADA 16
A. Tembang
Kang wus waspada ing patrap
mangayut ayat winasis
wasana wosing Jiwangga
melok tanpa aling-aling
kang ngalingi kaliling
wenganing rasa tumlawung
keksi saliring jaman
angelangut tanpa tep
yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.
B. Arti
§
Bahasa Indonesia
Yang sudah paham tata caranya
Menghayati ajaran utama
Jika berhasil merasuk ke dalam jiwa
akan melihat tanpa penghalang
Yang menghalangi tersingkir
Terbukalah rasa sayup menggema
Tampaklah seluruh cakrawala
Sepi tiada bertepi
Yakni disebut “tapa tapaking
Hyang Sukma”.
§ Bahasa Jawa
Sing wis paham
tata carane
Nyesepi ajaran utama
Saumpama bisa ngrasuk ing dalem jiwa
Arep paningal tanpa ana sing ngalangi
Sing ngalangi ajeng nyingkur
Kebukak rasa sayup menggema
Ketingal kabeh dunya
Sepi ora ana akhire
Yakni kasebut “ tapa tapaking Hyang Sukma “
C. ISI TEMBANG
Sapa sing mengerteni tata carane lan
bisa nyesepi ajaran utamane “ tapa ttapaking Hyang Sukma “ uga bisa ngrasuk
piwulange ing njero jiwa. Lan ora bakal ana sing bisa ngalangi tapane, saenggga
mimpi lan kekarepane bisa kawujud.
D. PITUTUR LUHUR
Yen pingin nglakukna perkara kudu
bisa mengerteni tata carane lan kudu bisa nyesepi ajaran utamane supaya usahane
bisa migunani marang sapa wae lan ana kasile.
E. RELEVANSINE
Jaman
saiki akeh wong sing pingin usahane ana kasile lan migunani, lamun ora
nggatekake tata carane lan ora nyesepi ajaran utamane, saengga usahane ora bisa
kawujud.
Makasih
ReplyDeleteItu temanya apa?
ReplyDelete