bahasa jawa kelas X semester 1; CERKAK
CERKAK
A.
Pengertian
Cerkak yaiku cerita gancaran kang ngandut prastawa
kang ora dawa lan ora akeh alur ceritane.
B.
Ciri- cirine/ Titikane
o
Lumrahe kurang
saka sewu tembung
o
Diwaca sakeplasan
( 1 kali )
o
Cacahe paraga
mung sitik
o
Cerkak kuwi
asipat naratif
o
Tokoh kang
dicritakake ora nganti owah saka nasibe
o
Sifate reka- reka
C.
Unsur- unsur intrinsike cerkak
1)
Tema/ underan
Yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhasane/ dasar
crita
2)
Amanat
Yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa
pesen pangripta marang pamaca. Pepeling/
pesen arupa ajaran moral utawa pendhidikan.
3)
Paraga lan watak paraga ( lakon )
·
Paraga yaiku wong
singg marragani crita.
Paraga kaperang dadi 3
:
1. Paraga utama ( apik
)/ protagonis
2. Paraga mungsuh/
antagonis
3. Paraga tambahan/
tritagonis
·
Watak yaiku
carane pengarang njlentrahake karakter tokoh ana ing crita
4)
Padunungan, wektu, lan swasana crita ( latar/ setting )
Yaiku unsur kang ana gegayutane karo panggonan, wektu,
sosial, lan swasana kang ndhasari kedadean ing cria iku.
5)
Alur crita ( plot )
Yaiku rantamane crita sing sinambungan mbentuk crita/
lakuning crita/ urut- urutane crita. Alur : maju, flashback, & campuran
6)
Pamawas/ sudut pandang
Yaiku carane pangripta netepase dirine ing crita/
kalunggahane pangripta sajroning crita. Dadi wong kepisan : dadi paraga utama/
sampingan & dadi wong ketelu: pangripta ora kelibet ing crita.
7)
Busananing basa/ gaya bahasa
Yaiku basa kang digunakake pangripta sajronng nyusun
crita, supaya crita iku katon endah.
Comments
Post a Comment