contoh cerkak bahasa jawa kelas X
DIENGKEN, TEKAN
Zaman
saiki akeh wong sing pada nggedekake gengsine. Ora mandeng tua- enome, gede
cilike, lanang wadone. Wong-wong pada moh mandeng utawa takon nek dudu sing selevel utawa sing luwih asor pangkat
drajate sing takon dhisist. Ana maneh, menawi tindak-tindak kudu nganggo
kendaraan, ora gelem pit onthel. Geleme nek taksih kinclong kinyis-kinyis,
resik apik, tur taksih anyar. Nanging pada moh leh ngrawat lan ngresiki, geleme
mung leh nganggo. Uga kadang gengsi menawi nampani paweweh saking tangga
teparo, apamanih nutur barange tanggane, gengsi bingits.
Nanging
beda kaliyan Kusen, dheweke kih saking andap asor, ora gumedhe lan ora gengsi
menawi ngagem pit onthel sing wis bobrok bodine lan nampi paweweh saking
kanca-kancane. Dheweke uga ora gelem nyuwun sing aneh-aneh marang wong tuane,
amargi Kusen paham kahananipun ingkang repot ngurusi adhi-adhine sing taksih
alit-alit.
Wengi
iki, atine Kusen krasa nlangsa. Tas lan sepatune wis jebol, nanging ora wani
njaluk marang wong tuane. Dheweke wedi, menawi tembung bakal dadi pikirane wong
tua. Sakjane, dheweke tahu nduweni niatan tumbas tas lan sepatu nganggo duit
penghargaan rangking 1 pararel, nanging dheweke luwih milih nggunakake kanggo
mbiayai sekolahe adhine.
“
Kepiye iki ? aku iri karo kanca-kancaku sing pada kepenak anggone nyuwun marang
wong tua ! apa aku tembung mawon yo kaliyan bapak ibu ? nanging aku ora kepenak
! “
Sewengi
tutug Kusen gur bisa mbayangake nek dheweke bisa oleh kasil dhewe. Mujudake apa
sing dikapingini. Isuk ruput-ruput Kusen wis tangi lan mbiyantu wong tuane. Ana
rasa kepengin ngomong masalah tas lan sepatune, nanging bola-bali diurungake.
“
Kowe nangapa to Sen, ket wau Ibu delok meneng wae ora kaya biasane ? kowe
meriyang ? “
“ Mboten Bu, lagi ngapalaken rumus matematika !
“
“
Biasane leh ngapalake karo ngrumit dhewe, kok saiki meneng wae ? “
“
Oh niki Bu, Kusen sek sariawan ! “
“
Oh ngono ta ! ya wis ben Ibu wae sing ngrampungake nyapune, kowe siap-siap
mangkat sekolah !”
“ Nggeh Bu !”
Kusen
langsung siap-siap mangkat sekolah. Ora mawi sarapan. Dudu merga males sarapan,
nanging pancen ora ana kang bisa disarap.
Pendak
dinane Kusen mangkat karo kancane, Budi. Nah, Budi iku sing sering maringi Kusen
sarapan. Malah kadang Ibune Budi wis nyiapake bekal kanggo Budi lan Kusen.
“
Kih Sen sarapanmu ! Ibu ra bisa masak daging nak dina iki, bapake Budi wulan
iki durung ngirimi malih !”
“
Bu mboten sah ngendika kados niku ! Kusen dadi ngrasa ra kepenak ngrepoti Ibu !
Kusen mboten sah diungguh-ungguhaken, kan Kusen dudu wong kang terhormat !
Kusen diparingi sarapan pendak dina kalih Ibu, maturnuwun banget lho Bu !”
“
Yo Sen ! ora papa Ibu ikhlas ! kowe bocah manut, sregep, pinter uga ora kakehan
reka ! Ibu seneng mandeng kowe kancan kaliyan Budi !”
“
Bener Sen, ra papa ! kowe wis tak anggep kakangku dhewe, sing bisa mulang lan
mbimbing aku !”
“
Maturnuwun Bu, Budi kang sampun percaya kaliyan kulo ! kulo mbakal njagi
amanahipun Ibu lan Budi !”
Jam
06.30 Budi lan Kusen mangkat bareng menyang sekolah. Ing tengah dalan, cah loro
kuwi ketemu karo Paijo kang ora seneng menawi Budi kancan karo Kusen.
“
Bud, gelem-geleme kowe kancan karo cah kere kaya ngono ! caraku ra gelem Bud !
Pendhak dina mung ngrepoti kowe ! ngisin-ngisisni, marakna ra nana cah wadon
sing gelem karo kowe !”
“
Jo, ngger ngomong dijaga ya ! aku ra isin kancan karo Kusen, aku ra ngrasa
direpoti ! aku bangga nduwe kanca pinter kaya Kusen ! “
“
Wis lah Bud ra sah digugu, marakna emosi ! wis yuh mangkat ndak telat mangkat
sekolah ! “
“
Ra sah lebokna ati ya Sen ! “
“
Iya Bud, tenang wae !”
Budi
lan Kusen langsung lunga klepat, Paijo mung ngiwi-ngiwi. Sedawane ndalan, Kusen
mung bisa mbatin karo apa sing diomongake Paijo. Batine Kusen mbenerake apa
sing diomongake Paijo.
“
Sen apa sing kowe pikirake ? kowe mikirke omangane Paijo ? ra sah digugu lah,
Paijo mung iri karo kowe sing pinter. Dheweke awit biyen kan iri banget karo
kowe!”
“
Tapi Bud, omongane Paijo pancen bener. Aku mung bisa ngrepoti kowe lan Ibumu.
Apa kowe ra isin kancan karo aku ? “
“
Sen, wis lah. Ra sah digugu omongane Paijo ! aku ra isin kancan karo kowe. Aku
kan wis omong mau. Aku bangga kancan karo bocah pinter kaya kowe.”
Tekan
sekolah Kusen langsung siap-siap dadi petugas upacara. Saiki jadwal kelase
Kusen tugas. Dheweke dadi petugas pengerek bendera. Wektu amanat pembina
upacara, Kusen dipuji kaliyan pembina. Dheweke tetep andhap asor, nanging ana
sing ra terima yaiku Misno. Misno iku kanca sekelase Kusen kang
dikompor-kompori kaliyan Paijo menawi Kusen ngece lan ngrendahake dheweke ing
sangarepe kanca-kancane wektu pengumuman kasil UTS kang beda sithik karo Kusen.
Bab iki kang nyebabake Misno njengkeli Kusen. Dheweke uga tugas bareng karo
Kusen dadi petugas pengerek bendera. Nanging pembina upacara namung muji Kusen.
“
Nggeh niki bapak ibu guru ingkang nami Kusen kang dadi petugas pengerek
bendera. Bocahe pinter, rajin sinau uga ibadah, lan mbiyantu wong tuae. Kusen iki
rangking pararel ing tengah semester wingi lho pak, bu ! napa mangke pengumuman
hasil UAS bakal dadi sing nomer siji malih ? “
Atine
Kusen uga dadi deg-degan pembina upacara muji dheweke. Amarga menawi dheweke
ora rangking malih, Kusen ngrasa isin kaliyan bapak ibu guru. Nanging saking
barisan peserta upacara, Budi ngacungi jempol marang dheweke, pratanda Budi
aweh semangat marang Kusen.
Sarampunge
upacara, saiki mangsane pengumuman hasil UAS. Tambah sangsaya deg-degan atine
Kusen.
“
Sen ra sah ngarep bisa rangking maning. Jare gur kowe sing pinter nang SMA iki
? ra sah gumedhe kowe, aku yakin saiki aku bisa luwih dhuwur saking kowe. Kasil
UTS wingi kan aku mung beda sithik karo kowe.”
“
Aku ra ngrasa kaya kui Mis, aku uga ngerti nang kene iki akeh saingane ! tapi
aku uga ngarep nek aku bisa kasil malih !”
“
Rangking 3 pararel yaiku... Budi kanthi kasil rata-rata 3,60. Rangking 2 lan
1-ne mung beda 0,02 yaiku...Kusen 3,80 lan Misno 3,...78. “
“
Alhamdulillah... ! aku kasil malih “. Kusen mbatin
Bocah
telu iku maju meng ngarep lan nampi hadiah saking Kepala Sekolah. Nanging Kusen
uga njagi rasane Misno sing gagal ngungkuli dheweke.
“
Pancen temen to pak, bu menawi Kusen iki temen-temen pinter”. Ngendikane
pembina upacara bola-bali muji Kusen
“
Pancen pinter kowe Sen, ra salah aku kancan karo kowe.” Tambahe Budi.
Misno
ngrasa isin banget karo Kusen. Tapi Kusen tetep nguatake Misno.
“
Mis, ra sah kecewa yo Mis. Kowe bisa ngungkuli aku kapan-kapan ! tapi ra sah
kaya ngana. Aku ora kaya apa sing diomongake Paijo. Aku ra tahu ngece kowe.”
“
Temen Sen, nek kedadeane kaya kuwi aku ngapura ya Sen. Aku wis salah karo kowe.
Awale aku ra ngandel karo sing diomongake Paijo. Nanging aku ngrasa mesthi
kalah karo kowe, dadi aku ngandel karo Paijo. Oh ya Sen hadiah iki bakal kowe
gunakake kanggo ngapa ? “
“
Kanggo mbiyantu wong tuaku mbiayai sekolahe adhikku “
“
Kusen iki bocah kang apik budi pekertine, ora tahu ngarepake kepentingane dhewe”.
Tambahe Budi
“Nangapa
ra ko nggo tumbas tas lan sepatumu Sen, iku kan wis rusak ? “
“
Iku bisa kapan-kapan maning ! “
“
Nek kowe gelem aku duwe sepatu karo tas nang ngumah wis ra tak enggo Sen.
Timbang ora dienggo mending nggo kowe bae rapapa. Trima ya Sen, kanggo tanda
ngapuraku marang kowe wis mbiji kowe saking omongane wong liya. “
Sabanjure
Budi, Kusen, lan Misno dadi kancan kang akrab lan seneng mbiyantu siji lan
sijine.
Comments
Post a Comment