Wednesday 13 April 2016

contoh cerkak bahasa jawa







Dina kebak cerita

Malem minggu, ing musolah Dayat karo kanca-kancane sawise solat isya berjamaah jagongan ning latar musolah pada crita-crita lan janjian yen sisuk arep mlaku-mlaku meng segara. Dayat janjian karo kancane yen sesuk isuk meng segara.”sisuk meng segara pada gelem ora?....., kaya biasane wae, jam 5  isuk                                               kumpul ning umahku”. Ujar Dayat.
” siiplah,,,”. Adi nanggepi.
” Adi, koe sisuk ngampiri aku yo! Koe ngundang-ngundang jenengku wae, ngko aku kan metu”. Ujare Rahmat marang Adi .
” mengko ngger ning bapakmu ora ulih kepiye?, mengko mbok aku diomehi”. Adi nanggepi wangsulane Rahmat.
” ora-ora mengko kan aku taren dhisit, nang mamaku juga ulih”. Wangsulane Rahmat.
” ya wis, tapi koe tak undang metu loh,, aja keawanen sing tangi”. Adi nanggepi.
” iya, mengko tak alarem jam setengah lima lah”. Wangsulane Rahmat.
            Ora let suwe, Yanwar teko nggawa kresek sing ana isine.
” Yan, ora bagi-bagi pah koe karo aku”. Dayat nanggepi.
” kowe nggawa apa Yan, aku njaluk”. Rahmat uga nanggepi.
” jambu kue, mau jambuku tak pet-i pada ora meng nggonku. Dadi sing gede-gede ya wis dijaluki nang kancane mbakku”. Wangsulane Yanwar.
            Ujug-ujug Adi langsung ndeketi Yanwar lan njiot jambu lan milihi sing mateng-mateng. Pada ora trima, Dayat lan Rahmat uga melu milihi jambu sing pada mateng. Sawise pada mangan jambu, Dayat, Adi, Rahmat, lan Yanwar pada bali meng ngumahe dhewe-dhewe.
            Minggu isuk jam lima. Dayat Adi, Rahmat, lan Yanwar pada kumpul ing ngumahe Dayat. Sawise kumpul Dayat lan kanca-kancane mangkat mlaku-mlaku meng segara. Ning dalan Dayat lan kanca-kancane pada guyonan lan crita-crita kahanane wingi ing sekolahan. Ning dalan uga pada ngrasa seneng amarga sawise mikir pelajaran, saiki bisa ngirup udara seger. Ora suwe, kira-kira 25 menit wis tekan segara. Sawise tekan Dayat lan kanca-kancane pada jagongan ning bango-bango sing wis ora dienggo. Mandeng banyu segara lan ombak-ombake, ndadekaeke atine Dayat lan kanca-kancane pada ngrasa tentrem. Kanggo ngilangi rasa kesel lan ngelak, Dayat ngajak kancane tuku es teh.
” bro, pada nggawa duit ora? Tuku es pa yuh?”. Ajak Dayat.
” ya yuh, karo tuku cilok pa tuku otak-otak pada gelem ora? Aku wis ngelih”. Adi nanggepi.

” ya wis, aku juga ngelih. Arep tuku es apa? Es teh wae pa?”. Yanwar uga nanggepi.
” ya wis yuh,aku  tuku es teh karo ciok wae lah”. Tanggepane Rahmat.
            Sawise tuku, Dayat karo kancane jagongan nang pinggir segara karo mangan cilok lan nginum es sing dituku lan mandeng wong liya sing agi pada foto-foto lan nyante bareng keluarga. Disambi mangan-mangan Dayat lan kancane pada menghayal.
” deneng segara kene wis ora ana penyu-penyune ya? Padahal mbiyen jarene bapakku kene akeh endog penyu sing ana ing njero pasir. Yen saiki kene tesih ana penyu-peyune ya,,,, mesti segara kene dadi tempat pariwisata sing rame ditekani wong”. Rahmat ngungkapna pikirane.
”jarene mamakku sing marai penyune pada lunga, marai endoge dijupukki terus nang wong sing mancing lan njaring”. Dayat nanggepi.
”ngger kene ana penyune mesthi artis-artis pada meng ngene yoh. Mengko ngger ngene aku bisa foto karo Raffi lan Afgan”. Adi uga nangepi.
”ngko mbok Lee min ho teka meng ngene, aku bisa selfie bareng”. Ungkape isi pikirane Rahmat.
” bro, sadar-sadar. Ora mungkin lah, kene kan nggo latihan bom-boman nang TNI, dadi ya ora bisa. Mbok sewektu-wektu nggo latihan, ngko artise ya pada diusir”. Yanwar nyadarake sing pada menghayal ora genah.
            Sawise rampung mangan, Dayat ngajak bali. Adi, Rahma, lan Yanwar ugo setuju. Marai wis panas, mataharine wis mulai dhuwur. Ning dalan Dayat lan kancane ketemu karo guru agamane, pak Ahmadi. Dayat, Adi, Rahmat, lan Yanwar langsung nyapa lan salim.
            Tekan ngumah kira-kira jam 8. Dayat langsung wijik lan sarapan. Jam 9 Dayat metu ngumah, njagong ing latar, ora suwe Adi liwat ngarep umahe nunggang sepedha.Adi mampir ing ngumahe Dayat, ujug-ujug Rahmat uga liwat. Rahmat uga mampir ing umahe Dayat. Dayat lan Adi aln Rahmat jagongan lan crita motor-motor. Denger-denger Adi ngajak balapan sepedha tapi nganggo sepedha ontlong. Rahmat lan Dayat nyanggupi. Sawise njikot sepedhane, pada kumpul maning ning umahe Dayat.
” ukur cah samene pah? Ngajak Yanwar pa? Ben tambah rame-rame”. Usule Dayat.
”ya wis tapi Yanwar kon nggawa sepedha dhewe”. Tanggepane Rahmat.
”ok. Sing ngampiri arep sapa?”. Wangsule Dayat.
”bareng-bareng wae, mengko sekalian balapane nang dalan sing nggo meng segara”. Usule Adi.
            Sawise ngampiri Yanwar, Yanwar gelem melu. Dayat lan kancane langsung mangkat nunggang sepedha ontlonge meng dalan sing nggo meng segara. Sadurunge tekan, Yanwar usul.
”mendingan pit-pitan wae ora usah balapan. Pit-pitan meng segara jayan wae malah bisa nggo petualang. Marai kana kan dalane nanjak-nanjak”. Usulane Yanwar.
”apa koe ngerti dalane, war. Nek ngerti ya yuhh aku gelem”. Dayat nanggepi.
” ya ngerti lahh,,,. Aku kan tau meng ngan karo sedulurku”. Wangsulane Yanwar.
”ya wis sidane pit-pitan wae, yuh mangkat”. Jawabe Adi lan Rahmat.
            Ning dalan, pinggir-pinggire dalan, sawah. Ning kono Adi karo Rahmat ngepite karo gojegan, dadine sing ngepit ngebak-ngebaki dalan. Ujug-ujug ana dalan sing njlegong, Adi tiba lan nyenggol kaki-kaki sing agi ngepit lan nggawa pralon. Adi tiba. Kaki-kakine uga tiba, malah-malah kaki-kaki kuwi arep kecemplung sawah. Dayat, Yanwar, lan Rahmat langsung kaget. Alhamdulillah Adi lan kaki-kakine ora nangapa-nangapa. Adi langsung ngapura marang kaki-kaki sing disenggole. Kaki-kakine alhamdulillah apikan, Adi langsung dimaafna.
            Sawise kejadian iku, Adi sing ngepit dadi luwih ati-ati. Ora let suwe denger-denger dalane nanjak mandan dhuwur. Amarga  nganggo pit ontlong, Dayat lan kanca-kancane ora isa munggah. Dadi ben bisa munggah, pit-e kudu dituntun. Sawise tekan dhuwur, saiki dalane ganti dalan pasir lan nanjak. Sehingga pit-e kudu dituntun maning. Rahmat tiba ning pasir, ora kuwat nuntun pit-e, amarga pi-e gedhe lan dhuwur. Dayat,Adi, lan Yanwar langsung ngrewangi njuruk pit-e Rahmat. Sawise tekan segara jayan, ning kono pemandangane apik banget. Dayat langsung njiot hp lan langsung foto-foto bareng Adi,Yanwar, lan Rahmat.
            Kira-kira jam setengah rolas, Dayat lan kancane bali. Amarga dalan sing mau nggo mangkat angel, Dayat lan kancane baline nrabas liwat dalan-dalan sawah. Tekan ngumah dzuhur, Dayat lan kancane langsung bali lan njiot sarung lan salat dzuhur berjamaah ning musolah. Sawise salat, Rahmat ngajak Dayat,Adi,lan Yanwar lutisan.
”bro, lutisan pa yuhh, nang nggonku ana pelem karo timun. Gelem ora?”. Ajak Rahmat.
” gelem lahh,, yuhh mangkat”. Adi, Yanwar, lan Dayat langsung nanggepi.
            Sawise lutisan. Kira-kira setengah telu sore, Dayat lan kanca-kancane nggolet undur-undur ning segara. Ing segara Dayat lan kanca-kancane dus-dusan disambi golet undur-undur. Sawise pada kademen lan cuacane uga wis sore, Dayat lan kanca-kancane bali. Sadurunge pada pisahan, ning dalan Dayat lan kanca-kancane janjian. Yen mengko dayat sing masak undur-undure lan mengko ketemu nang musolah, sawise ngaji arep dimaem bareng-bareng.