Monday 18 April 2016

contoh deskripsi makanan tradisional "combro" dalam bahasa jawa









Combro

                Indonesia mligine wong jawa kudu bombong atine amarga akeh  banget panganan kang enak rasane lan maneka werna jinise. Terutamane ning Jawa Tengah, khususe ing Kebumen akeh panganan tradisional khase. Salah satunggale yaiku combro.  Combro kuwi digawe saka parutan budin sing njerone ana sambel tempene. Bentuke kuwi oval nek ora onjong, rasane gurih, campur pedes asin sambel tempene.
                Bahan liyane kang dibutuhake yaiku ana budin lan garem. Nek bahan isine yaiku gorengan tempe kang disambel karo garem, brambang, bawang lan lombok. Yen pengin isine diganti uga bisa, sa’senenge dhewe.
                Cara nggawene yaiku, nggawe sambele dhisit. Sambele diulek nganggo layah lan munthu. Sawise sambele dadi, parut budin nganti krasa lembut lan lelanjute campur parutan mau karo uyah supaya duweni rasa. Yen wis kecampur kabeh, njupuk adonan lan bentuk oval kira- kira gedhene sebal pimpong. Sawise kuwi, adonan kang wis dibentuk dipenyet- penyet lan dhuwur.e disolohi sambel tempe lan tutup sambel tempe nganggo pinggir- pinggir adonan sing mau dipenyet- penyet. Saengga mengka bakal mbentuk oval. Goreng adonan. Genine aja gegedhen lan aja keciliken. Sawise wis krasa mateng utawa wis kecoklat- coklatan bisa dientas saka penggorengan.
                Combro pase enak dipangan yen tesih anget. Yen pengin tuku combro, bisa tuku ning pasar- pasar tradisional ing kabupaten kebumen. Biyasane bakule dodol saking jam enem nganti jam sewelas isuk. Masalh rega, combro kuwi ora larang. Mungkur ngetokna duwit limangewu wis ulih combro lima apa bisa ulih enem.