Saturday 23 April 2016

Deskripsi panganan tradisional " Lupis" dalam bahasa jawa









Lupis

Lupis utawa kue lupis yaiku salah sijine jajanan tradisional sing bentuke kue teles, lan biyasane dikancani karo jajan tradisional liyane kayata cenil, bugis, klepon, lsp. Kue lupis yaiku jajanan asli seka jawa lan siki wis terkenal dadi jajanan pasar tradisional sing murah lan gampang ditemokake ning pasar- pasar tradisional.
                Rasane kue lupis iku legi amarga ing dhuwure ana parutan klapa lan gula jawa cair. Biyasane kue lupis dipangan kanggo sarapan lan kanggo nyore. Jaman biyen kue lupis kuwi bentuke segitiga, lamun ing jaman saiki dadi dawa lan ana tali dawa ing ndhuwur bungkuse lupis kasebut kanggo mbentuk, ben dadi apik bentuke lan ben luwih penak diparo- paro.
                Masyarakat- masyarakat jaman saiki isih akeh sing seneng karo jajanan tradisional salah sijine lupis, amarga rasane sing enak lan cara gawene gampang. Saliyane kuwi bahan- bahan kang digunakake kanggo gawe lupis iku gampang ditemoni. Bahan- bahan kang digunakake kanggo gawe lupis yaiku beras ketan kang dikumbah resik lan wis dikum sekurang- kurange sejam, klapa sing putih  wae, godhong gedhang utawa plastik es lan tali kanggo nali bungkuse supaya ora mawur- mawur pas dikukus. Bahan kanggo nglengkapi yaiku gula jawa lan banyu putih.
                Cara nggawene yaiku cukup gampang yaiku kepisan, siapna selembar godhong gedhang utawa plastik seukuran plastik es  sing ukurane sedhengan. Isi nganggo beras ketan, lan tutup  nganggo godhong gedhang sing luwih cilik. Yen wis, usahakna mbungkuse nganti mblendhung. Bungkusan mau digodhog nganti bener – bener mateng utawa sekurang- kurange 3 jam. Sawise mateng, diangkat lan dianging- anginke supaya cepet adem.
                Kanggo nggawe gulane yaiku panaske panci nganggo geni sedheng, lebokna gula jawa sing wis dirajang alus sing wis disediakke karo nambahi banyu sitik, ben ora pati kenthel lan dienteni nganti gulane umeb. Yen wis mateng, bisa diangkat lan diademakae.
                Nggawe parutan klapane yaiku siapke klapa sing wis dibuang kulite ben ampase putih terus, diparut nganggo parutan. Cara nyajikake yaiku siapke piring saji, buka bungkusan ketan sing wis mateng, buang kulite lan ditata nang piring saji karo ning ndhuwure diwei parutan klapa lan siram gula cair.