panganan tradisional Kebumen
Meniran
Indonesia
pancen negara kang nduweni akeh budaya, bahasa , bahasa, lan panganan ciri khas
saben daerah- daerah. Sapa sih, sing bisa ngitung lan nyebutna kabeh budaya,
bahasa, lan panganan khase daerah ing
indonesia. Wis kewajibane dhewe supaya njaga lan tetep ngrawat budaya ing
indonesia supaya anak cucu kita bisa ngrasakake sahengga tetep lestari. Lamun
saiki wong- wong wis pada ngalih mangan panganan saking luar negeri, contone
burger, spagetti, lan liya- liyane. Padahal panganan asli sekang indonesia justru
luwih nyehatake lan luwih enak- enak.
Salah
satunggaling panganan tradisional yaiku meniran. Meniran iku panganan asli saka
Jawa Tengah, tepate panganan tradisional Kebumen. Meniran kui digawe saka
tepung beras kang dicampur karo parutan klapa lan tambahan nggo men ana rasane
yaiku garem. Karna meniran kui pancen rasane mandan ana asin- asine, nanging
ora ngenekake. Sawise kecampur, tambahna wedang umeb 6 gelas meng adonan mau
lan diudek nganti rata kabeh. Ngudeke nganti adonane wis kalis utawa ora
pliket. Lelanjutane yaiku bungkus adonan mau nggunakake godhong gedhang kang
dibentuk kaya pincuk dhisit, sawise adonane wis dilebokna nang pincuk. Bentuk maneh
godhong sing wis diisi supaya mengo hasil bentuke kaya piramida. Mbungkusi wis
rampung langsung dikukus, suwine ngukuse kira- kira sejam. Pancen suwi, nanging
mengko hasile enak lan muasake.
Biayasane
meniran kuwi digunakake ing acara- acara mantenan, tahlilan lan liya- liyane
Meniran kuwi bisa koktuku ing
pasar- pasar tradisional. Umpamane ning pasar ambal, pasar kutowinangun lan
liya- liyane. Bakule biyasane bukak sekang jam enem isuk nganti jam sewelas
isuk. Menawi kepengin meniran nanging ora kepengin lunga- lunga. Maka ora perlu
khawatir, karne saiki biyasane meniran didol ning bakul sayuran kang muter-
muter ing desa- desa. Regane ora perlu larang- larang , cukup ngetokake dhuwit
telungewu rupiah wis ulih limang meniran.
Lemet
Mesti jaman
saiki wis pada ora ngerti apa kuwi lemet. Padahal lemet kuwi panganan kang rasane
enak lan cukup kepenak nggawene. Lemet kuwi memang durung digawe panganan oleh-
oleh ing kebumen. Marai sipate kang mukur bisa tahan sedina. Lemet kuwi asli
panganan tradisional saka Kebumen lan biyasane digawe menawi arep ana acara
utawa ana wong tuwo sing lagi kepingin lemet. Lemet ing pasar uga wis langka
sing dodol, karna lemet kuwi nggawenen ora mbutuhake bahan- bahan lan alat-
alat kang werna –werna.
Menawi arep
nggawe lemet, pertamane siapna dhisit bahan utamane yaiku budin. Budin kuwi
diparut. Lan klapa kang diparut. Supaya ana rasane, tambahna gula jawa kang
diiris- iris supaya kepenak nglebokna nang adonane. Lelanjutane yaiku campur
parutan klapa lan budin mau naganti rata supaya rasane bener- bener enak. Sawise
kecampur bungkus adonan nganggo godhong gedhang lan isi adonan nganggo irisan
gula jawa mau. Mbungkuse kuwi bisa nganggo bentu apa wae, nanging biyasane
bentuke kuwi kaya bentuk tempe kang dibungkus nganggo godhong gedhang utawa
bungkuse kuwi adonane kaya diseelimuti nganggo godhong geedhang. Rampung dibungkusi,
kukus adonan kira- kira setengah jam. Yen wis ana mambu- mambu mateng bisa
dientas lan bisa dirasakake.
Comments
Post a Comment