DIENGKEN, TEKAN Zaman saiki akeh wong sing pada nggedekake gengsine. Ora mandeng tua- enome, gede cilike, lanang wadone. Wong-wong pada moh mandeng utawa takon nek dudu sing selevel utawa sing luwih asor pangkat drajate sing takon dhisist. Ana maneh, menawi tindak-tindak kudu nganggo kendaraan, ora gelem pit onthel. Geleme nek taksih kinclong kinyis-kinyis, resik apik, tur taksih anyar. Nanging pada moh leh ngrawat lan ngresiki, geleme mung leh nganggo. Uga kadang gengsi menawi nampani paweweh saking tangga teparo, apamanih nutur barange tanggane, gengsi bingits. Nanging beda kaliyan Kusen, dheweke kih saking andap asor, ora gumedhe lan ora gengsi menawi ngagem pit onthel sing wis bobrok bodine lan nampi paweweh saking kanca-kancane. Dheweke uga ora gelem nyuwun sing aneh-aneh marang wong tuane, amargi Kusen paham kahananipun ingkang repot ngurusi adhi-adhine sing taksih alit-alit. Wengi iki, atine Kusen krasa nlangsa. Tas lan sepatune wis jebol, nanging ora wani njaluk...
Comments
Post a Comment