Showing posts with label BAHASA JAWA. Show all posts
Showing posts with label BAHASA JAWA. Show all posts

Sunday 24 April 2016

Contoh Deskripsi Panganan Tradisional "Kue Cucur" dalam bahasa jawa

Kata Pengantar
 
Makanan adalah bahan, biasanya berasal dari hewan atau tumbuhan, yang dimakan oleh makhluk hidup mendapatkan tenaga dan nutrisi. Cairan yang dipakai untuk maksud ini sering disebut minuman, tetapi kata 'makanan' juga bisa dipakai. Istilah ini kadang-kadang dipakai dengan kiasan, seperti "makanan untuk pemikiran". Kecukupan makanan dapat dinilai dengan status gizi secara antropometri.

Makanan yang dibutuhkan manusia biasanya diperoleh dari hasil bertani atau berkebun yang meliputi sumber hewan, dan tumbuhan. Beberapa orang menolak untuk memakan makanan dari hewan seperti, daging, telur, dan lain-lain. Mereka yang tidak suka memakan daging, dan sejenisnya disebut vegetarian yaitu orang yang hanya memakan sayuran sebagai makanan pokok mereka.

Pada umumnya bahan makanan mengandung beberapa unsur atau senyawa seperti air, karbohidrat, protein, lemak, vitamin, enzim, pigmen dan lain-lain.

Setiap makhluk hidup membutuhkan makanan. Tanpa makanan, makhluk hidup akan sulit dalam mengerjakan aktivitas sehari-harinya. Makanan dapat membantu manusia dalam mendapatkan energi, membantu pertumbuhan badan dan otak. Memakan makanan yang bergizi akan membantu pertumbuhan manusia, baik otak maupun badan. Setiap makanan mempunyai kandungan gizi yang berbeda. Protein, karbohidrat, dan lemak adalah salah satu contoh gizi yang akan didapatkan dari makanan.

Setiap jenis gizi mempunyai fungsi yang berbeda. Karbohidrat merupakan sumber tenaga sehari-hari. Salah satu contoh makanan yang mengandung karbohidrat adalah nasi. Protein digunakan oleh tubuh untuk membantu pertumbuhan, baik otak maupun tubuh. Lemak digunakan oleh tubuh sebagai cadangan makanan dan sebagai cadangan energi. Lemak akan digunakan saat tubuh kekurangan karbohidrat, dan lemak akan memecah menjadi glukosa yang sangat berguna bagi tubuh saat membutuhkan energi.

Dapat dipastikan bahwa setiap negara mempunyai makanan khas masing-masing.


Makanan tradisional/khas adalah makanan dan minuman yang biasa dikonsumsi oleh masyarakat tertentu, dengan citarasa khas yang diterima oleh masyarakat tersebut. Bagi masyarakat Indonesia umumnya amat diyakini khasiat, aneka pangan tradisional, seperti tempe, tahu, bawang putih, madu, temulawak, gado-gado, kacang hijau, ikan laut, ikan darat dll. Karena disamping khasiat, makanan tradisional Indonesia juga mengandung segi positip yang lain seperti: Bahan-bahan yang alami, bergizi tinggi, sehat dan aman, murah dan mudah didapat, sesuai dengan selera masyarakat sehingga diyakini punya potensi yang baik sebagai makanan

Makanan tradisional Indonesia adalah segala jenis makanan olahan asli Indonesia, khas daerah setempat, mulai dari makanan lengkap, selingan dan minuman, yang cukup kandungan gizi, serta biasa dikonsumsi oleh masyarakat. contohnya:






KUE CUCUR

                Dadi wong Indonesia kudu bangga mergane Indonesia kuwi nduweni jutaan daerah, lan jutaan daerah kasebut nduweni budaya, adat, tradisi, lan sing paling unik yaiku  kudhapan tradisionale dhewe- dhewe.
                Kudhapan tradisional utawane panganan tradisional yaiku panganan khas daerah ing Indonesia. Kudhapan tradisional ing Indonesia maneka werna jinise, ana sing carane gawe dikukus, dibakar, lan digoreng. Dikukus contone, arem- arem, lemper, lemet, utri lan liya- liyane. Dibakar contone, sagon, serabi lan liya- liyane. Digoreng contone, cucur, onde- onde, combro lan liya- liyane. Pancen akeh panganan ing Indonesia werna- werna bentuk lan jenise ditambah rasane kang enak. Amara saiki kang dadi nom- noman Indonesia patut bangga lan kudu njaga lan nglestariake panganan khas Indonesia. Aja nganti panganan tradisional asli Indonesia diakui negara liya, lan digantekake panganan utawa budaya asing ingkang mlebu ing Indonesia.
                Saiki panganan tradisional Indonesia wis jarang koktemoni ing kota- kkota gedhe, amarga panganan modern saka budaya asing wis mrambah ing pasaran Indonesia, kayata burger lan pitza. Salah sijine panganan Indonesia kang wis langka yaiku kue cucur.
                Kue kang bentuke bunder, wernane coklat lan rasane legi iki  wis angel kotemoni. Ananging ingg daerah kabupaten Kebumen koe tesih bisa nemoni lan uga bisa ngrasakake kue cucur.
                Panganan kang digawe saka tepung beras, tepung tengo, gula jawa, uyah, katu manis, lan godhong pandan. Nggawe kue cucur pancen ora gampang amarga mbutuhake ketelitian lan keahlian khusus, lan Sanajan mengkono yen koe pengin ngrasaskake kue cucur bisa koktuku ing pasar- pasar tradisional utawa ing bakul kang ider ing saben dina kecuali minggu, saka jam enem nganti jam 12 isuk.


Contoh Deskripsi panganan tradisional "lepet" dalam bahasa jawa










LEPET

                Negeri Indonesia yaku negeri ingkang kathah sanget kulinere, budaya, wisata, lan liya- liyane. Zaman saiki mboten wonten kadipaten utawa desa ingkang dereng wonten swalayane menika. Nanging, pasar tradisional mboten ketingal saking atine para tiang desa. Wong desa sami kulina marang pasar tradisional ketimbang swalayan. Amarga in pasar swalayan mboten lengkap, mboten kados asar ingkag pepek panganane.
                Ing Jawa Tengah khususe Kebumen gadhah pinten- pinten menika warni jajan, saka jajan kang abot saha jajan pasar . jajanan pasare menika mboten namung 10 macem, ananging pirang- pirang puluh macem jajanan pasar. Tuladhane : coro  bika, kupat, lepet, rolade, cucur, lan sapanunggalipun.
                Ing Kebumen sami mboten kesupen kaliyan jajanan tradisionnal, jajan modern mboten saged ngalahake rasane jajanan tradisional. Amargi para tiang Kebumen sami sanget tresna marang budhaya.
                Tuladhane lepet, tiang Kebumen tesih kathah ingkang seneng kaliyan lepet, amargi raos gurih lan enake mboten saged ngilangaken saking ilate para kadang jawa. Ing jaman modern menika pancen sampun kathah jajanan ingkang menika warna lan sedayane uga enak sedanten.
                Contoh panganan Kebumen ingkang tesih kathah peminate yaiku lepet, amargi rasane ingkang gurih lan mboten mboseni. Lepet utawa leupeut  yaiku panganan saking beras ketan kang dicampur karo parutan klapa muda lan dimasak karo santen, lajeng dibungkus ngagem janur. Panganan iki umpami  sampun mateng lan badhe didhahar, teksture pancen pliket amargi didamel saking ketan nanging rasane ora ana tandhingane.
                Bahan kanggo ndamel lepet iku gampang, umpami  dipun goleti yaiku : beras ketan putih, santen krambil, uyah, godhong g pandan, krambil parut. Carane ndamel uga mboten angel, yaiku satuggal santen, uyah, lan godhong pandan digodhog kalih diudeg nganti umeb. Salanjute lebokna beras ketan nanging genine dipuncilikake. Teruse udeg supaya kecampur lan ngresep. Lajeng diangkat lan ditambahi parutan krambil lan disambi diudeg. Jupuk campuran mau lajeng tutup nganggo turahan janur. Tali ngagem tali kang digawe saka pring. Godog malih kira- kira suwene 60 menit ing geni sedheng.
                Lepet biyasane digunakake wong jawa kanggo dhaharan menawi idul fitri, kupatan wong meteng, lan liyane. Lepet uga ora ukur dikenal ana ing tlatah jawa nanging lepet uga dikenl  nganti tanah sunda, ananging gedhene beda. Ana ing sumatra lan Semenanjung malaya, ana ing Aceh, Minagkabau, lan Melayu wonten panganan kang mirip yaiku lepat. Ananging lepat ngagem irisan gula aren lan parutan krambil, lan uga dibungkus nganggo godhong- godhong.
                Sanajan lepet panganan murahan lan anane ana ing desa, ananging lepet duweni sejarah kang apik. Regane tur mboten larang. Gampang ditemokake. Kita para tiang tlatah Jawa, nduweni kewajiban kanggo nglestariake budaya, kuliner lan sedaya nandakaken ciri- ciri khase tanah Jawa.

Saturday 23 April 2016

Deskripsi panganan tradisional " Lupis" dalam bahasa jawa








Lupis

Monday 18 April 2016

contoh deskripsi makanan tradisional "combro" dalam bahasa jawa








Combro

                Indonesia mligine wong jawa kudu bombong atine amarga akeh  banget panganan kang enak rasane lan maneka werna jinise. Terutamane ning Jawa Tengah, khususe ing Kebumen akeh panganan tradisional khase. Salah satunggale yaiku combro.  Combro kuwi digawe saka parutan budin sing njerone ana sambel tempene. Bentuke kuwi oval nek ora onjong, rasane gurih, campur pedes asin sambel tempene.
                Bahan liyane kang dibutuhake yaiku ana budin lan garem. Nek bahan isine yaiku gorengan tempe kang disambel karo garem, brambang, bawang lan lombok. Yen pengin isine diganti uga bisa, sa’senenge dhewe.
                Cara nggawene yaiku, nggawe sambele dhisit. Sambele diulek nganggo layah lan munthu. Sawise sambele dadi, parut budin nganti krasa lembut lan lelanjute campur parutan mau karo uyah supaya duweni rasa. Yen wis kecampur kabeh, njupuk adonan lan bentuk oval kira- kira gedhene sebal pimpong. Sawise kuwi, adonan kang wis dibentuk dipenyet- penyet lan dhuwur.e disolohi sambel tempe lan tutup sambel tempe nganggo pinggir- pinggir adonan sing mau dipenyet- penyet. Saengga mengka bakal mbentuk oval. Goreng adonan. Genine aja gegedhen lan aja keciliken. Sawise wis krasa mateng utawa wis kecoklat- coklatan bisa dientas saka penggorengan.
                Combro pase enak dipangan yen tesih anget. Yen pengin tuku combro, bisa tuku ning pasar- pasar tradisional ing kabupaten kebumen. Biyasane bakule dodol saking jam enem nganti jam sewelas isuk. Masalh rega, combro kuwi ora larang. Mungkur ngetokna duwit limangewu wis ulih combro lima apa bisa ulih enem.

Sunday 17 April 2016

panganan tradisional Kebumen



Meniran

                Indonesia pancen negara kang nduweni akeh budaya, bahasa , bahasa, lan panganan ciri khas saben daerah- daerah. Sapa sih, sing bisa ngitung lan nyebutna kabeh budaya, bahasa, lan panganan khase  daerah ing indonesia. Wis kewajibane dhewe supaya njaga lan tetep ngrawat budaya ing indonesia supaya anak cucu kita bisa ngrasakake sahengga tetep lestari. Lamun saiki wong- wong wis pada ngalih mangan panganan saking luar negeri, contone burger, spagetti, lan liya- liyane. Padahal panganan asli sekang indonesia justru luwih nyehatake lan luwih enak- enak.
                Salah satunggaling panganan tradisional yaiku meniran. Meniran iku panganan asli saka Jawa Tengah, tepate panganan tradisional Kebumen. Meniran kui digawe saka tepung beras kang dicampur karo parutan klapa lan tambahan nggo men ana rasane yaiku garem. Karna meniran kui pancen rasane mandan ana asin- asine, nanging ora ngenekake. Sawise kecampur, tambahna wedang umeb 6 gelas meng adonan mau lan diudek nganti rata kabeh. Ngudeke nganti adonane wis kalis utawa ora pliket. Lelanjutane yaiku bungkus adonan mau nggunakake godhong gedhang kang dibentuk kaya pincuk dhisit, sawise adonane wis dilebokna nang pincuk. Bentuk maneh godhong sing wis diisi supaya mengo hasil bentuke kaya piramida. Mbungkusi wis rampung langsung dikukus, suwine ngukuse kira- kira sejam. Pancen suwi, nanging mengko hasile enak lan muasake.
                Biayasane meniran kuwi digunakake ing acara- acara mantenan, tahlilan lan liya- liyane
Meniran kuwi bisa koktuku ing pasar- pasar tradisional. Umpamane ning pasar ambal, pasar kutowinangun lan liya- liyane. Bakule biyasane bukak sekang jam enem isuk nganti jam sewelas isuk. Menawi kepengin meniran nanging ora kepengin lunga- lunga. Maka ora perlu khawatir, karne saiki biyasane meniran didol ning bakul sayuran kang muter- muter ing desa- desa. Regane ora perlu larang- larang , cukup ngetokake dhuwit telungewu rupiah wis ulih limang meniran.



Lemet

Mesti jaman saiki wis pada ora ngerti apa kuwi lemet. Padahal lemet kuwi panganan kang rasane enak lan cukup kepenak nggawene. Lemet kuwi memang durung digawe panganan oleh- oleh ing kebumen. Marai sipate kang mukur bisa tahan sedina. Lemet kuwi asli panganan tradisional saka Kebumen lan biyasane digawe menawi arep ana acara utawa ana wong tuwo sing lagi kepingin lemet. Lemet ing pasar uga wis langka sing dodol, karna lemet kuwi nggawenen ora mbutuhake bahan- bahan lan alat- alat kang werna –werna.


Menawi arep nggawe lemet, pertamane siapna dhisit bahan utamane yaiku budin. Budin kuwi diparut. Lan klapa kang diparut. Supaya ana rasane, tambahna gula jawa kang diiris- iris supaya kepenak nglebokna nang adonane. Lelanjutane yaiku campur parutan klapa lan budin mau naganti rata supaya rasane bener- bener enak. Sawise kecampur bungkus adonan nganggo godhong gedhang lan isi adonan nganggo irisan gula jawa mau. Mbungkuse kuwi bisa nganggo bentu apa wae, nanging biyasane bentuke kuwi kaya bentuk tempe kang dibungkus nganggo godhong gedhang utawa bungkuse kuwi adonane kaya diseelimuti nganggo godhong geedhang. Rampung dibungkusi, kukus adonan kira- kira setengah jam. Yen wis ana mambu- mambu mateng bisa dientas lan bisa dirasakake.